Jumat, 19 November 2010

" SEPIRO KUATE PAGERMU...??


Sepiro kuate tembok waja kang ngalangi lakuku
Ora bakal bisa ngendheg niatku
Sepiro dhuwure pager wesimu
Ora bakal bisa ngalangi jangkahku

Coba alangana....
Coba tutupana....
Aja sampek ngendheg lakuku
Aja sampek ngalangi niatku

Pager wesi tak tabrak...
Tembok beton tak dobrak
Ojo maneh mung alangan sak paku rujak
Apa wae bakal tak sasak

Remek awakku ngladeni sliramu

Kabeh tak sasak mung mbelani awakmu
Sik menengo aku tak turu
Ojo nganti diganggu.......

Ojo lali pesenku...
Elingo....
ojo dilalekno.....
Mengko yen ana bakul bakso liwat...aku gugahen yo.....!!!

Sabtu, 13 November 2010

UCULANA DHEMITMU


Manis ucapmu ora sumbut kaya manis esemmu
Tulus awehmu ora bakal nutupi alaning atimu
Ngerti to sapa sejatining kowe?
Wujud manungsa kang nggembol wataking dhemit

Marenana.......
Pungkasana watak ala kang bisa njegurake awakmu
Mlebu jroning panase hawa neraka
Tanpa bisa selak lan tumindhak apa

Elinga.....
Elinga sapa to kowe..??
Mung awujud manungsa tanpa daya
Cilik ing ngarepe sing duwe kuasa

Uculna watak dhemitmu
Ilangono setan-setan sing nguwasani ragamu
Dadio manungsa kang kebak guna
Dudu manungsa kanag terus agawe sara....

Jumat, 12 November 2010

MENYANG  NGENDI  PLAYUNE  SEMAR


Wujud ora bisa nutupi atimu
Kebak dening pitutur suci
Ngayomi lan gae bungahing ati
Wicaksana jroning ngayahi ilmu

Ning ngendi playumu sing biyen
Ning ngendi paranmu
Aku wis ora bisa nguber playumu
Aku wis ora bisa kuwawa nggoleki sliramu

Semar saiki...........
Ora bisa dadi kaya semar wingi uni
Semar kang dhuwur ing drajat
Ning asikap kayadene wong mlarat

Semar saiki.......
Bisa ngadeg jejeg
Tanpa ngerti sapa sing kudu di idheg
lan sapa kang kudu di jejeg

Duh semar.......
Balio semar.....
Muliha.........
Brastanen para manungsa-manungsa kang awujud semar mung samar

Senin, 08 November 2010

 "  WATU AYU  "

Suwe tak sawang netramu cah ayu
Katon sayu tur nandang rindu
Alus tak usap rambutmu cah ayu
Trimo meneng lan tanpo nesu

Duh bungahing atiku cah ayu
Saumpama sliramu bisa dadi duwekku
Mendah senenge atiku cah ayu
Saumpama sliramu gelem nampani atiku

Tak wanekno atiku...
Tak tata apa mengko ucapku
Kanggo nembung opo ing njero atiku
Supaya sliramu bisa dadi sigaring nyawaku

Taktakoni..... sapa jenengmu???
ora njawab mung meneng mbisu
Tak goda piye amprih ngguyumu
Sak ithik ora kawetu esemmu

Duh Gusti Pangeran akarya jagad..
Kaget atiku naliku namatne sliramu
Mandheg rasane jantungku nalika ngerti wujudmu
Oalaaaaahhh.....tibake kowe mau mung patung watu to...??

JIANGKRIK.....!!!!!

Minggu, 07 November 2010



IKI LHO AKU.......


Dudu guru kang kebak ilmu
Dudu manungsa kang kudu digugu
Kudu ditiru..
Mung patut diguyu

Iki lho aku......
Delengen...
Pandengen.....
Tamatno sapa sejatine aku

  Saiki kowe ngerti to?
  Aku manungsa dudu buto
                                                                     Dudu buto kang kebak murko
                                                                     Dudu buto kang nduweni watak angkoro.....

                                                                     

Sabtu, 06 November 2010

" PENYAIR TANPA R "

Dudu kalepku bisa nglonce ukaya
Dudu kalepku bisa nata endahing basa
Dudu kalepku
Dudu pinginku...

Sapa sing ngiya
Sapa kang bakal nyangka
Nalika tak duduhno sapa sejatine aku
Apa bisaku...

Aku dudu Langgawalsita
Ola kawental kayadene paya pujangga
Kang bisa nata ukaya
Endahing basa

Aku mung  penyail dalanan
Cedhak ing coban
Tanpa payan
Tlima ing pinggilan