Sunar kang kudu katon sumebyar ing jagad
Ora bisa kelakon padhang
Ora bisa katon cumlorot
Kaya mbulan ing nduwur segara
Apa iku kang dadi salah sawijining pratandha?
Apa iku kang kena diarani suwara ndonya
Kang suwe kabingkem dening kuasa angkara
Nganti ora duwe daya,ora ana tenaga
Lintang njero banyu....
Mung bisa sumunar ana ing njero
Mandheg ing ati ora nganti tekan lathi
Mati....tanpa nduweni arti.
Jumat, 15 Oktober 2010
Kamis, 14 Oktober 2010
"TATKALA API NERAKA TAK PANAS LAGI"
Ketika manusia mulai tak kenal dunia
Ketika dunia mulai tak kenal etika
Tak mengenal itu siapa
Tak mengenal dia dimana
Dosa bukan lagi dianggap ancaman
Dosa dijadikan sebagai pedoman
Hanya selesai hinggap di angan
Hilang dan tak tertahan
Panas api neraka sudah tiada rasa
Kalah oleh dinginnya dosa
Hilang lenyap tak lagi membara
Neraka bagai di surga.
Ketika dunia mulai tak kenal etika
Tak mengenal itu siapa
Tak mengenal dia dimana
Dosa bukan lagi dianggap ancaman
Dosa dijadikan sebagai pedoman
Hanya selesai hinggap di angan
Hilang dan tak tertahan
Panas api neraka sudah tiada rasa
Kalah oleh dinginnya dosa
Hilang lenyap tak lagi membara
Neraka bagai di surga.
Rabu, 13 Oktober 2010
" SANDAL JEPIT "
Suwe anggonku ngadeg ing ngarep masjid anyar iki
Bingung,sedih,krasa ing ati
Rumangsa lali aku duh Gusti
Ora krasa weninge luh netes ing pipi
Coba tak tata gundahing ati
Madhep mantep coba nggoleki
Siji mbaka siji tak ati - ati
Perkara nyalawadi kang njalari lali
Coba tak tata atiku
tak kencengne pikirku
madhep mantep nggoleki slira_MU
Duh Gusti...ning ngendi sandal jepitku????
Bingung,sedih,krasa ing atiRumangsa lali aku duh Gusti
Ora krasa weninge luh netes ing pipi
Coba tak tata gundahing ati
Madhep mantep coba nggoleki
Siji mbaka siji tak ati - ati
Perkara nyalawadi kang njalari lali
Coba tak tata atiku
tak kencengne pikirku
madhep mantep nggoleki slira_MU
Duh Gusti...ning ngendi sandal jepitku????
Coba Delengen Kae
Ana ing ngendi atimu
Ana ing ngendi rasa welasmu
Nalika ngerti panase hawa
Mrambat ana pucuking rikma
Delengen kae...........
Nalika ana kang nusuk tajeming netra
Coba paranana,coba tulungana
Aja mung bisa ngadek degsiya
tanpa rasa.....
tanpa daya....
tanpa tumindhak apa
Nyingkuri perkara golek ing lena.
Ana ing ngendi rasa welasmu
Nalika ngerti panase hawa
Mrambat ana pucuking rikma
Delengen kae...........
Nalika ana kang nusuk tajeming netra
Coba paranana,coba tulungana
Aja mung bisa ngadek degsiya
tanpa rasa.....
tanpa daya....
tanpa tumindhak apa
Nyingkuri perkara golek ing lena.
Langganan:
Postingan (Atom)
