Minggu, 01 Januari 2012

IRENG NYALAWADI

Nalika montorku playon alon mrambat dalan alus kuthomu
Tak rasakke angin semilir ngusap pinggir pipiku
Bablas mengguri ngoyak ruwet rambutku
Terus ngilang embuh nyang ngendi mau

Coba dak sawang mengarep kono....
Nalika dak deleng ana wanita tuwo
Nggletak kebak getih sajak koncatan nyowo
Tanpa ana siji-sijio pitulungan saka manungso

Tak wanekno atiku......
Tak endheg lakuku tansah nyedhaki sing gawe gundahing atiku
Ya Alloooooooooooohhhhhhh Gustiku.......
Coba Tak Bukak kain ireng kang nutupi jasad kang sajak nyemu biru....

Kaget atiku....
Munggah Getihku nalika ndeleng jasad wanito tuwo iku
Obah ngoyak kain ireng sing ana tanganku....
 Ngguyu....sajak ora nesu ning malah mbisiki cedhak kupingku.......
.."Pakai Hitam....Siapa takuuuuuuut????"

wooooooooo.......wong tuwek gasut,koyok clurut
Diampuuuuutttttt.....!!!!