Jumat, 15 Oktober 2010

" LINTANG NJERO BANYU "

Sunar kang kudu katon sumebyar ing jagad
Ora bisa kelakon padhang
Ora bisa katon cumlorot
Kaya mbulan ing nduwur segara

Apa iku kang dadi salah sawijining pratandha?
Apa iku kang kena diarani suwara ndonya
Kang suwe kabingkem dening kuasa angkara
Nganti ora duwe daya,ora ana tenaga

Lintang njero banyu....
Mung bisa sumunar ana ing njero
Mandheg ing ati ora nganti tekan lathi
Mati....tanpa nduweni arti.

Tidak ada komentar: